Selasa, 14 Desember 2010

sejatining urip

Opo to sejatine urip iku, opo nek uwis sejati njur diarani wis mulyo wis apik, wis kanggonan donya sakalir opo butuhe ono , opo yo cukup iku. Mbok diddeleng kae akeh wong sing neng tuane njur kapiransoale bondho donya dikumpulke akeh akeh, wis direwangi babang jungkir, nggoleke, direwangi rebutan samubarang pamrihe iso nyukupi. Bareng nemuhi tuo anak anak, bojo wis podho rebutan dewe konco konco sing mbiyeni setia tuhu banjur nglaleke.
Makane to makane dadi uwong ki sing pasarah tumakninah, satuhu marang Hyang sing akaryo jagat, mbangun keluargo sing sakinah.
Deloken kae uwong podo rebutan jabatan podo ngarep arep jabatan pamrihe opo, yo ora liyo iso pamer, iso cukup, ngertio menungsio ora bakal rumongso cukup. . ora bakal jaman sak iki nemahi menungso rumongso cukup, angel nemahi sing cukup rumongso. Iku uwis wulak walike zama. Yo percoyo ra percoyo iki ora ono hubungane karo jongkone joyo boyo sing jare jamane jaman edan sing ora ngedan ora kumanan, sak bejo bejone wong lali isih bejo wong kang iling lan waspodo. Soale dudu manungso sing duweni hak nentuke sak mengkone.
Deloken kae wayah gentian posisi ndek kantor uwong bareng podo kasak kusuk golek gantholan , golek jabatan , golek cedak karo wing neng duwur pamrihe yo kaduman jabatan. Wis cukup to nek ngono kuwi, iso dijongko bareng nyekel jabatan sing di arep arep or anganti seminggu pingin sing luwih duwur.
Wong urip ki mbok eling lan waspodo : pituture
Rasane urip iku , krono momor pamoring sawujud, wujudollah sumrambah ngalam sakalir , lir manis kalawan madu, endi arane ing kono
Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, kasikep ing tyas kacakup, kasat moto lair batos.
Ing batin Tan kaliru kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minongko colok selaking hyang Widhi, Widadaning busi sadu, Pandak Pandiking liru nggon
Nggoniro mrih Tulus , Kalksitaning reh kang rinuruh, nggayaniro mrih miwal waraning gaib, Paranto lamun tan weruh , sasmita jatining endhog
Putih lan luningipun , lamun rasa titah teko mangsul, denen nora mantro yen ing lair, biso aliru wujud kadadeyane ing kono
Istingaroh Tan metu Lawan istingaroh tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi, rasakno kang tuwajuh, ojo kongsi kasutron
Karonbo yen kebanjur, kajantoko tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ino tan weruh, dheweke den anggep dhayoh

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar